Selasa, 03 Desember 2019

Baiat Ilmu Ma'rifat Gus Nyoto NH

بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
إِنَّا فَتَحْنَا لَكَ فَتْحًا مُّبِينًا ﴿١﴾ لِّيَغْفِرَ لَكَ اللَّهُ مَا تَقَدَّمَ مِن ذَنبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ وَيُتِمَّ نِعْمَتَهُ عَلَيْكَ وَيَهْدِيَكَ صِرَاطًا مُّسْتَقِيمًا ﴿٢﴾ وَيَنصُرَكَ اللَّهُ نَصْرًا عَزِيزًا ﴿٣﴾ هُوَ الَّذِي أَنزَلَ السَّكِينَةَ فِي قُلُوبِ الْمُؤْمِنِينَ لِيَزْدَادُوا إِيمَانًا مَّعَ إِيمَانِهِمْ ۗ وَلِلَّهِ جُنُودُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمًا ﴿٤﴾ لِّيُدْخِلَ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَيُكَفِّرَ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ ۚ وَكَانَ ذَٰلِكَ عِندَ اللَّهِ فَوْزًا عَظِيمًا ﴿٥﴾ وَيُعَذِّبَ الْمُنَافِقِينَ وَالْمُنَافِقَاتِ وَالْمُشْرِكِينَ وَالْمُشْرِكَاتِ الظَّانِّينَ بِاللَّهِ ظَنَّ السَّوْءِ ۚ عَلَيْهِمْ دَائِرَةُ السَّوْءِ ۖ وَغَضِبَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ وَلَعَنَهُمْ وَأَعَدَّ لَهُمْ جَهَنَّمَ ۖ وَسَاءَتْ مَصِيرًا ﴿٦﴾ وَلِلَّهِ جُنُودُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَكَانَ اللَّهُ عَزِيزًا حَكِيمًا ﴿٧﴾ إِنَّا أَرْسَلْنَاكَ شَاهِدًا وَمُبَشِّرًا وَنَذِيرًا ﴿٨﴾ لِّتُؤْمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُعَزِّرُوهُ وَتُوَقِّرُوهُ وَتُسَبِّحُوهُ بُكْرَةً وَأَصِيلًا ﴿٩﴾إِنَّ الَّذِينَ يُبَايِعُونَكَ إِنَّمَا يُبَايِعُونَ اللَّهَ يَدُ اللَّهِ فَوْقَ أَيْدِيهِمْ ۚ فَمَن نَّكَثَ فَإِنَّمَا يَنكُثُ عَلَىٰ نَفْسِهِ ۖ وَمَنْ أَوْفَىٰ بِمَا عَاهَدَ عَلَيْهُ اللَّهَ فَسَيُؤْتِيهِ أَجْرًا عَظِيمًا ﴿١٠﴾


  1. Muhammad) Satemene Ingsun wis maringin kemenangan marang sira kanthi menang kang nyata (bedhahe Mekkah).
  2. Supaya Allah anggone kersa ngapura dosanira kang wis kelakon lan durung kelakon lan supaya sempurna paparinge kabungahan marang sira, apadene kersa paring pituduh dalan bener.
  3. Lan kersa paring pitulung kelawan pitulung kang mulya.
  4. Allah iku kang paring tentrem ana ing atine para mukmin supaya imane tambah numpangi imane kang wis dhisik. Allah iku kagungan wadia bala ing langit lan bumi, lan Allah iku Maha Nguningani lan Maha Wicaksana.
  5. Allah kersa arep ganjar mukmin lanang lan wadon kelawan suwarga kang ana bengawane mili ana ngisore kekayon ana kono padha langgeng. Lan Allah kersa ngapura kaluputane, kang mangkono iku diarani kebegjan gedhe ana ngarsane Allah.
  6. Allah bakal nyiksa para wong lamis lanang utawa wadon apadene wong mangro tingal lanang lan wadon kang padha nyana hala marang Allah. Kanggo dheweke digilir ing barang hala, Allah ngancam siksa neraka jahannam lan hala kadadeyane.
  7. Isining langit lan bumi kabeh wadyabalane ALlah kang Maha Mulya tur wicaksana.
  8. (Muhammad) Ingsun ngutus sira perlu nekseni hala becika ummatira, lan bebungah wong ngabekti bakal diganjar, lan ngancam wong duroko.
  9. (Dhawuh Ingsun mau supaya) padha percaya Allah lan utusane, apadene ngajeni marang Rasul (utusan) lan supaya nyebut Maha suci ing Allah wayah esuk, lan sore.
  10. Sarupane wong kang padha medharake prasetyane marang sira, sejatine hiya prasetya marang Allah. Astane Allah ana sakduwure tangane wong kang padha prasetya mau. Mulane sing sapa cidra saka kesaguhane, iku sejatine cidra marang awake dhewe. Dene sapa wong setya tuhu netepi prasetyane ing Allah bakal diparingi ganjaran gedhe. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar